Ana ing sawijining dina, kancil mlaku-mlaku ana ing pinggir kali. Dheweke lagi susah mergane wetenge krasa luwe. Wis wiwit wingi kancil ora kelebon panganan babar pisan. Lho kok bisa kancil ora mangan wiwit wingi? Critane kaya ngene iki. Desane kancil saiki lagi ana pagebluk. Timun-timun sing ditanduri pak tani padha cmati gabug. Kumangka ngerti dhewe ta, timun kuwi rak panganane kancil to. Wong sak desa uga padha gumun, kok bisa tanduran timune padha mati gabug senajan ora ungsum ketiga. Udan tetep mudhun seka langit. Kali pinggir desa yo ora asat, malah luwih akeh seka adate.
“Wadhuh, bisa mati luwe nek ngene iki terus”, ugeme kancil karo ngelus elus wetenge sing katon cilik merga ora ana isine. “Woh-wohan semene akehe kok yo ming timun thok sing gabug. Sial.. jan tenan siale”, batine kancil saya mangkel atine.

Pas mlaku ana ing cedhak wit randhu sing nggo tetenger desa kuwi kancil ketemu karo kelinci. Kelincine katon bagas waras nandhakake dheweke war`             eg. “Lho, Cil, ana apa kowe kok katon lemes”, kelinci ngaruh-aruhi kancil. “Apa durung mangan kowe Cil”, kelinci nerusake takon. Kancil sing nyauri karo rada nesu, “ Wis ketok lemes kaya ngene kok malah ditakoni wis mangan apa durung. Ngece kowe!!”. Kelinci kaget. Dheweke ora ngira yen jawabane kancil malah dadi nesu. Kelinci tetep sabar. “Iki mesthi ana apa-apa”, batine kelinci. “Aku njaluk ngapura ya Cil, yen aku ana salah. Aku ora ngerti nek kowe saiki lagi ana masalah. Mbok crita karo aku, sapa ngerti aku bisa nulungi”, kelinci ngomong alus karo nyedhaki kancil.

“Oooohhh dadi ngono to critane”, kelinci lagi ngerti masalahe kancil sak wise dicritani kahanane. “Eh, ngerti opo ora, desa sebrang kali kae saiki lagi panen timun. Aku ngerti dhewe pas pak tani nyabrang numpak prau. Pak tani nyangking timun gedhe-gedhe tur katon seger-seger”, kelinci nerangake apa sing bar didelok. “Tur ijo-ijo meling-meling”, kelinci nambahi ujare. Krungu critane kelinci kancil dadi kemecer. Wetenge dadi saya muni kemrucuk. Idune dadi ngeces. “Timune gedhe tur seger-seger?”, ujar kancil. “Ya wis aku tak mara rana…!”, kancil mlayu nggenjrit karo mbengok nganti lali ora pamitan karo kelinci.

Kancil meneng. Ngadeg kaya patung. Ora obah babar pisan sak tekane pinggir kali ana ing pinggir desa. Dheweke nganti lali yen kali bates desa iki kali gedhe sing akeh bayane. Saking luwene critane kelinci ora dipikir akeh. Saiki dheweke saya bingung. Arep nyegur kali mesthi dicokot baya. Tur dhasare kancil ora isa nglangi. Arep melu prahu mesthi ora entuk mergane kancil wis kondhang tukang nyolongi timune pak tani. Arep liwat kerteg gedhe kudu mlaku ndhisik telung dina telung wengi. Kancil saya bingung. Munine weteng saya sero. “Krucuk… krucuk… krucuk….”. Ora let suwe mripate abang mbranang mbrebes mili. Iluhe netes. Nangis. Ora sadhar, merga disurung karo kahanan wetenge, kancil mlaku maju. Sikile mlebu kali sithik mbaka sithik.

“Whoooooaaaaahhhh”. Dumadakan baya gedhe wis ana ing ngarep kancil. Tangane wis nyekeli sikile kancil. “Wis, Cil. Saiki kowe wis ora isa ucul seka aku. Aku arep nguntal awakmu. Ha ha ha ha ha…”. Baya gedhe mau wis arep nyaplok awake kancil sing katon kuru mau. Kancil ndredheg, meh semaput. Ning dhasar kancil, nek kepepet kaya ngene iki malah pikirane bisa mletik.

“Sabar… sabar… sabar….pak baya… sabar”. Kancil wiwit muter mikire. “Aku iki jan jane diutus karo Kanjeng Nabi Sulaiman. Kanjeng nabi arep maringi rejeki marang kaum baya kabeh. Lha aku terus diutus kon kudu ngetung ana pira baya sing ana neng kali iki”, kancil crita karo ngatur ambegan ben ora ketok ndredheg arep diuntal baya. Sak durunge baya mikir dawa kancil nerusake critane. “Ning ndilalahe mripatku wingi lara ora isa ndeleng meneh. Delengen mripatku iki. Abang mbranang tur mbrebes mili banyune. Iki merga mripatku lara. Aku ora bisa ndelok kowe kabeh, dadine aku ora isa ngetung siji siji kowe karo kancamu”. Kancil saya kendel omonge merga krasa sikile baya saya kendo olehe nggoceki.

“Lha terus piye…..”, baya-baya padha mbengok bareng bareng. Kancil saya seneng terus ngandhani carane. “Kowe kabeh saiki baris jejer jejer seka pingir kali iki tekan pinggir kali kana. Aku terus ngetungi siji-siji karo mlumpat gegermu. Ben aku ora lali olehe ngetung, pas aku ngidak gegermu sing diidak kudu ngitung dhewe urut.”

Bar dikandhani carane, baya-baya sing wis ngumpul mau padha bubar terus nata dhewe dhewe kathi urut. Kahanan katon rame banget. Kancil ethok ethok ora ndelok. Kancil meneng men diarani wuta tenan karo baya-baya. Sakwise baya nata kanti urut, baya sing nang pingir dhewe ngundang kancil. “Kancil, iki wis rampung. Cepet ulek diitung, aku selak kepingin hadiahe seka Kanjeng Nabi Sulaiman.”. Mega diceluk, kancil miwiti ngancik geger baya siji mbaka siji. Pas gegere dipidak, baya ngitung karo mbengok. “Siji”, “Loro”. “Telu”. Lan sakteruse nganti tekan pinggir kali sabrange. Ana telun puluh sanga cacahe.

Mbasan wis tekan pinggir kali, kancil mlayu mbradhat sipat kuping ninggalake baya sing isih jejer ngenteni. Akhire baya lagi sadhar yen wis diapusi kancil. Kancil saiki kewaregen timun. (rampung)

About these ads