Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.

Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan rumah yaiku wong tua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung. Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku siji-siji miturut dhaerah uga diselenggaraake miturut kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:

  1. Lamaran
    Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda minangka wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadiake pasangan urip calon penganten kakung.
    Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
  2. Siraman
    Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilakokake neng omah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

Baca lebih lanjut